Daplun sing wis ngebet kepengin kawin ngomong maring mamake.
“Mak, mamake, inyong arep kawin mak,” Daplun ngomong.
“Karo sapa, turmaning apa ko duwe duit,” mamake sing jenenge Dakem semaur.
“Karo anake kaki Dawir, lah kuwe soal duwit mulane inyong arep njaluk tulung karo mamake,” Daplun ngmong.
“Njaluk tulung kepriwe lah mamake be ora duwe duwit,” Dakem semaur.
“Apa weduse dewek didol baen mak,” Daplun ngomong.
“Ya karepmulah,” Dakem semaur.
“Ya wis bandote tek dol meng pasar kewan,” Daplun ngomong.
“Tapi diemut-emut ya nek arep adol si bandot aja ngasi gelem nek dinyang murah pokoke kae regane jutaan..,” Dakem pesen maring anake si Daplun.
“Iya lah mak, wedus gedhe kaya kae mesti tek dol larang, pamit sisan ya mak, tek nggawwa bandot meng pasar,” Daplun semaur.
Ora let suwe Daplun bali sekang pasar kewan.
“Mak wedhus payu jutaan..,” Daplun ngomong.
“Alhamdulillah….,” Dakem semaur.
“pertamanane si bandot dinyang limangatus ewu, apa ora ngawur kuwe Mak, wedhus gedhe kaya kae dinyang limangatus ewu tok, mulane ora tek wehna,” Daplun cerita.
“Ya bener kuwe Plun, tumben ko pinter, pancane wong tuku karepe murah terus… banjur ko semaur kepriwe pas deweke nawar semono,” Dakem takon.
“Ya Daplun ngomong baen, pesene mamake inyong wedhuse kudu diregani jutaan pak, bener kaya kuwe mbok mak?” Daplun nyeritakna mau nang pasar.
“Iya bener, banjur kepriwe,” Dakem takon.
“Alhamdulillah….mbarang sing tuku mikir-mikir sidane gelem rega jutaan..,” Dakem semaur.
“Lah emange payu pira sidane wedhuse, diregani pirang juta?” Dakem takon.
“Setengah juta mak…,” Daplun semaur katon bangga.
“Pinter mbok Mak, Daplun gole dodolan wedhus bisa payu jutaan,” Daplun pamer.
Krungu kaya kuwe mamake langsung lunga kambi nggrundel. “Dodolan wedhus be ora teyeng koh arep kawin jan..jan apa bisa mengko nggoleti bolongane,” Dakem nggrundel dewek.(*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn