Bapakke karo mamake Daplun sok gumun karo anakke sing bisa suwe banget angger agi ngobrol liwat HP. Angger dimat-matna bisa ngasi telung jam gole ngobrol mbuh karo sapa.
Kaya dina kuwe Daplun agi sarapan karo bapakke karo mamake. Pas agi padha ngemplok sega ujug-ujug HP-ne Daplun moni. Krungu HP-ne moni segane langsung baen dileg ora mawi dimamah. Bar kuwe tangane njiot HP nang meja.
“Deleng kae anakmu mengko tuli gole ngobrol suwe banget,” bapkke Daplun ngomong maring mamakke.
“Jor baen, anu ngobrol penting mulane dadi suwe,” mamake semaur karo nyokot mendoan.
“Inyong tah esih bingung, kae bocah aben ngobrol nang telpon bisa suwe banget jan-janne ngobrol karo sapa ?” bapakke ngomong maning kambi nyendok jangan jengkol.
“Lah paling ya ngobrol karo kancane,” mamak semaur,.
Kurang lewieh ana setengah jam tembe Daplun rampung gole nelpon, Daplun balik maring meja makan Pas agi arep nyendok sega bapakke takon.
“Miki sing nelpon sapa Plun? Tumben sedela tok biasane ngasi jam-jamman angger nelpon?” bapakke takon.
“Hayooo sekang sapa ya…?” mamake melu baen takon.
“Lah mbuh sapa.., jebul anu wong salah sambung,” Daplun semaur kambi nyokoti rempeyek. (*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn