Bu Guru Dakem pirang dina kiye agi mandan bingung, soale si Daplun murid kelas telu biji ulangane siki mlorod terus. Padahal sedurung-sedurunge bijine apik-apik baen.
“Jan jane Daplun kiye kenangapa ya, biji matematikane ko mlorod terus,” Bu Guru Dakem cerita maring kancane pak Guru Dawir.
“Aja-aja agi ana masalah bu, mulane disengi ngobrol baen bu,” Pak Guru Dawir semaur.
“Jajal ngesuk tek takoni, apa agi ana masalah apa,” batin Dakem maning.
“Iya Bu ditakoni baen, soale bocah jaman siki angger kena masalah sok dadi padha stress, masalaeh bocah siki wis padha kaya wong tuwa,” Pak Guru Dawir semaur.
Ngesuke gutul sekolahan Bu Guru Dakem takon maring Daplun babagan biji ulangane sing mlorod terus.
“Plun, kenangapa biji ulangan matematikamu mlorod terus, malahan siki bijine kur lima tok padahal biasane bijimu nek ora wolu ya sanga malah kadang sepuluh,” Bu Guru Dakem ngomong.
“Tela iya koh bu, inyong ya agi kepikiran banget,” batin Daplun.
“Apa kowe agi ana masalah?” Bu Guru Dakem takon
“Lah kuwe bu, inyong pancen agi ana masalah,” Daplun semaur.
“Ana masalah apa Plun?” Bu Guru Dakem takon.
“Kalkulatorre inyong ilang bu…,”(*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn