Esuk-esuk Dawir agi ngalamun nang ngarep ruangan bersalin. Ujug-ujug deweke weruh ana wong lanang sing katon kesusu banget sing langsung nerombol mlebu me ruangan bersalin. Mbarang dieling eling Dawir kemutan nek sing mlayu mlebu ruangan kuwe jenenge si Daplun tangga sedesa.
Tapi ora let suwe Daplun metu sekang ruangan ditumpakna korsi roda, sing didorong nang suster, posisine Daplun semaput ngatang-ngatang.
Dawir sing penasaran marani suster sing jeneneg Dakem kuwe.
“Suster wong lanang mau sih kayane semaput anu kenangapa sih?” Dawir takon.
Ditakoni nang Dawir suster Dakem sing ayu semaur, eseme manis banget.
“Oh, kae mau kesusu teka meng ngeneh jalaranne bojone wis aarep babaran, tapi deweke malah kelalen…” Dakem sing agi cerita ditabrak omongane nang Dawir.
“Kelalen apane…?” Dawir ndedes sustere.
“Deweke kelalen ora nggawa bojone,” Dakem semaur.(*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn