Ceritane kiye anu nang luar negeri nang eropa. Nang kana ana tukang cukur wis tua tapi apikan banget.
Sawijining dina ana bakul kembang teka terus cukur. Rampungan cukur bakul kembang mau arep mbayar tapi ora diterima. “Ngapunten ya, inyong ora bisa nampani duitmu. Inyong seneng nglayani wong-wong,” tukang cukure ngomong.
Bakul kembange lunga raine katon bombong banget.
Ngesuke, pas tukang cukure mbukak kiose ana kertas sing ditulisi ucapan maturnuwun karo selusin kembang mawar merah nang ngarep lawang.
Dina kuwe ana polisi teka banjur cukur pas arep mbayar tukang cukure ya ora gelem nampani duite.
“Ngapunten ya, inyong ora bisa nampani duitmu. Inyong seneng nglayani wong-wong,” tukang cukure ngomong.
Polisine lunga raine katon bombong banget.
Ngesuke, pas tukang cukure mbukak kiose ana kertas sing ditulisi ucapan maturnuwun karo selusin bakwan nang ngarep lawang.
Dina ngesuke maning Daplun wong Banyumas sing lagi ngode nang luar negeri kiye cukur nang nggone pak tua mau. Pas arep mbayar ya padha baen duite ora ditampani. “Ngapunten ya, inyong ora bisa nampani duitmu.
Inyong seneng nglayani wong-wong,” tukang cukure ngomong.
Olih cukur gratisan Daplun bali raine katon bungah banget mergane ora sida kalong duite.
Ngesuke, pas tukang cukure mbukak kiose, apa kedadiane…? Apa sing ditemukna nang tukang cukure nang ngarep lawang kiose.
Daplun nggawa selusin wong Banyumas ben bisa cukur GRATISAN!!!! (*)
- Fascinated
- Happy
- Sad
- Angry
- Bored
- Afraid
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn