Daplun kiye dadi bojo cemburuan banget karo sing wadon. Sawijining dina deweke dinas maring luar kota. Meraga nang luar kota dela-dela deweke nelpon bojone.
“Sayaang…, kowe lagi nang ngendi?” Daplun takon liwat telpon.
“Nang ngumah Yang, lagi nang dapur,” bojone sing arane Dakem semaur.
“Sing beneeerrr?” Daplun takon.
“Ya iyalah, bener?” Dakem semaur.
“Jajal blender-re diurubna,” Daplun ngongkon bojone maksude arep ngetes nang dapur temenan apa ora.
Dikongkon kaya kuwe Dakem njutan ngurubna blender. ”
reeereeeereeee
”
Krungu suara blender Daplun dadi yakin nek bojone nang ngumah.
“Sipp, sayangku,” Daplun semaur katon lega.
Ngesuke Daplun nelpon bojone maning.
“Dakem bojoku sing tek tresnani, kowe lagi nang endi?” Daplun takon.
“Nang ngumah Yang, biasa agi masak nang dapur,” bojone sing arane Dakem semaur.
“Sing beneeerrr?” Daplun takon.
“Ya iyalah, bener?” Dakem semaur.
“Jajal blender-re diurubna,” Daplun ngongkon bojone maksude arep ngetes nang dapur temenan apa ora.
Dikongkon kaya kuwe Dakem kaya dina wingi njutan ngurubna blender. ”
reeereeeereeee
”
Dina ngesuke Daplun bali sekang luar kota ora ngabari ndhisit maksude arep aweh kejutan. Pas gutul ngumah deweke cuman weruh anakke sing aranne Kemplu agi dewekkan.
“Kemplu, mamakmu nang endi?” Daplun takon maring anakke.
“Ora ngerti Pak, wis ana rong dina mamakke ora bali. Lunga nggawa blender..” (*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn