Esuk esuk Daplun karo Dawir wis agi padha dopokan. Wong loro mau agi padha pamer calon presiden pilihanne dewek-dewek ana sing ndukung Prabowo ana sing ndukung Jokowi.
“Lah daripadha ngomongna capres ora nana rampunge mending bedhekan baen yuh..,” Daplun ngomong.
“Halah nantang bedhekan koh kambi inyong, sing wingi ko ben kalah koh,” Dawir semaur mandan sombong.
“Siki inyong duwe bedhekan anyar kiyeh, ko mesti ora bisa,” Daplun ora gelem kalah.
“Ya wis ngeneh apa bedhekanne ?” Dawir ngerasa ketantang.
“Kaya kiye rungokna ya, nek kowe pas agi ngimpi ceritane kowe
nang pulau cilik nang mburimu ana macan sing agi kencoten, nang laut ana iwak hiu sing muteri pulaune kepengin mangan ko, banjur nang wit kelapa ana ula gede banget sing agepan mangan ko sekang nduwur, jajal kowe agepan kepriwe ben selamet?” Daplun aweh bedhekan.
“Nek kaya kuwe inyong ya kur gari ndonga,” Dawir semaur.
“Lah deneng kur ndonga,” Daplun takon.
“lah ya jelas inyong mati lah ora bakalan selamet gawe bedhekan koh ana-ana baen,” Dawir semaur.
“Eeh masa kaya kuwe tok kowe nyerah??!!” Daplun ngomong
“Iya lah, inyong nyerah baen!” Dawir nyerah kalah.
“Ya kowe gari tangi sih ngapa tuli selamet, mbok ko agi ngimpi!” Dawir semaur.(*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn