Tahun ajaran baru Bu Guru mulai ngajar nang SMP. Jeneng ketemu bocah anyar gurune kepengin ngerti siji-sijine bocah. Bar ngenalna awake dewek giliran Bu Guru sing kepengin ngerti jenenge muride.
“Miki bu guru wis ngenalna jenenge, siki bu guru kepengin ngerti jenenge ko padha,” Bu Guru ngomong nang ngarep kelas.
“Jajal sing jenenge Dakem endi?” Bu Guru mulai ngabsen.
“Inyong bu guru,” Dakem semaur.
“Oh jenenge apik pisan kaya bocaeh ayu,” Bu Guru ngalem raine dakem sing pancen ayu.
“Sing jenenge Kemplu endi?” Bu Guru takon.
“Inyong Bu Guru,” Kemplu angkat tangan.
“Tapi kelakuanmu mbok ora kaya jenengmu ya?” Bu Guru nggleweh.
“Mboten bu, inyong bocaeh manutan, taqwa cerdas terampil koh,” Kmeplu semaure komplit pisan.
“Lah kiye ana sing jenenge Bagol, jajal apa siraeh pancen bagol,” bu Guru takon.
“Inyong bu sing jenenge bagol,” Bagol angkat tangan karo kukur-kukur siraeh sing pancen mbagol.
“Sing jenenge Daplun Sudaplun NN endi..? Bu Guru ngundang jenenge Daplun.
“Inyong Bu,” Daplun semaur.
“Daplun, kiye sedhela…!” Bu Guru ngomong kaya arep takon..
“Ana apa bu Guru…?” Daplun semaur.
“Geh, inyong mandan bingung karo jenengmu Plun..! Angger wis Daplun mbok ya ora usah nganggo Sudaplun maning. Dadi nang kuping katon wagu apa ya…?. Mengko nek bali ngomong kambi bapake ya jenengnge kon diganti mburine aja kaya kuwe maning, aja ngasi kelalen lho…!” Bu Guru pesen..
“Iya Bu…!” Daplun semaur.
“Oh iya kiye siji maning meh bae inyong kelalen… nek mburine Sudaplun kan ana NN kuwe singkatan sekang apa?” Bu Guru takon.
“Ndaplun Ndaplun, Bu…!”
Krungu kaya kuwe bu gurune sekal tiba ngatang ngatang.(*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn