Daplun tembe baen tuku kacamata ajaib kaya sing ditawakna nang online-online. Kacamata sing dituku angger nggo ndeleng bisa dadi tembus pandang.
Bali sekang kantor kacamatane dinggo, sisan nggawe digawa mlaku-mlaku sore. Hasile kabeh wong nang ndalan dadi katon padha wuda brah ora klamben. “Kiyeh tah jan pancen kacamata canggih pisan, kabeh wong dadi katon wuda brah ora klamben,” Daplun ngomong dewek kambi ngguyu ngikik kesenengen.
Nang ndalan deweke mentelengi wong-wong kambi dela-dela kacamatane dicopot, pengin ngerti sing dideleng wuda padha nganggo klambi apa jane. “Oh jebul klambine kaya kuwe, angger dideleng wuda brah hihihih… asyik banget kiye tah,” Daplun mbatin kambi masang kacamatanne maning.
Daplun sing biasane baline ngasi wengi, ndilalah dina kuwe bali gasik. Pas gutul ngumah deweke langsung mlebu kamar. Daplun kaget banget nang kamar ana bojone karo pembantune loro-lorone katon wuda brah.
Weruh kaya kuwe Daplun malah ngguyu.
“Wah kacamata kiye pancen bener-bener
ajaib jos gandoz lah!” Daplun ngomong dewek.
Bar kaya kuwe Daplun njutan nyopot kacamatane. Eh jebul bojone karo pembantune esih baen katon wuda brah. Kacamatane njutan dinggo maning nang Daplun, tapi sing katon tetep baen bojone karo pembantu padha wuda brah. Kacamatane njutan dicopot njutan dinggo maning ngasi bolak -balik tapi bojone karo pembantune tetep baen katon padha wuda brah.
Daplun akhire dadi kesuh-kesuh kambi mbating kacamatane.
“SEMPRUL..!!! KACAMATA LARANG-LARANG DELA TOK WIS RUSAK!!!”(*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn