Urip kiye pancen pilihan mulane nang ndunya akeh sing dipilih. Kaya dina kuwe Daplun sing agi ora duwe duit olih ulem-ulem kawinan sekang Kemplu. Panggonanne kawinan nang hotel bintang.
“Arep ora teka ora kepenak, teka tapi agi ora duwe duit jan malah bingung dewek,’ Daplun mbatin.
Dipikir-pikir ora kepenak akhire Daplun milih mangkat, ora let suwe deweke wis gutul nang lobby hotel. Nang lobby ana lawang loro.
Lawang pertama tulisane monine “nggo keluarga wong lanang.” Lawang ke loro tulisane monine “nggo keluarga wong wadon.”
Weruh kaya kuwe Daplun banjur mlebu liwat lawang pertama sing nggo keluarga lanang.
Mbarang mlaku pirang langkah Daplun weruh lawang loro maning. Lawang pertama ana tulisanne “Nggo tamu lanang” terus lawang sing ke loro ana tulisanne nggo tamu wadon.
Daplun banjur mlaku mlebu liwat lawang pertama sing nggo tamu lanang.
Mbarang mlaku pirang langkah Daplun weruh ana lawang loro maning. Kaya sing mau lawange ya ana tulisanne. Lawang sing pertama ana tulisane nggo sing nggawa kado. Lawang sing ke loro ana tulisane nggo sing ora nggawa kado. Daplun sing agi bokek ora duwe duit milih mlaku maring lawang sing ke loro sing ana tulisanne ora nggawa kado.
Mbarang mlaku pirang langkah eh Daplun weruh lawang loro maning. Kaya sing mau-mau lawang loro kiye ya ana tulisanne. Sing lawang siji ana tulisanne “Nggo sing nggawa amplop.” Lawang sing ke loro uga ana tulisane “nggo sing ora nggawa amplop”.
“Syukurlah kancaku Kemplu pancen ngertian, ngerti nek kancane agi ora duwe duit dadi disediakna ruang khusus nggo wong sing ora nggawa apa-apa,” Daplun mbatin.
Daplun banjur milih lawang sing ke loro sing ana tulisanne “nggo sing ora nggawa amplop”.
Tapi mbarang Daplun mlaku pirang langkah ngliwati lawang ke loro mau deweke jebul wis ana nang njaba hotel nang jalan raya.
“Kemplu pancen Kampret,” Daplun kesuh-kesuh kambi mlaku bali ngumah ora sida kondangan. (*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn