Awan kuwe Dakem arep lunga numpak bis. Pas gutul terminal deweke kebelet pipis tapi mbarang maring WC sing antre akeh banget. Ndilalah bis-se wis arep mangkat dadine Dakem ora sida pipis.
Mbarang bis-se mangkat nang ndalan deweke ora tahan banget ngasikan kepoyuh sepetil nang bangku.
Ora let suwe nang tengah ndalan ana penumpang sing nyegat bis. Ndilalah bangku kosonge cuman ana nang sebelaeh Dakem. Tapi pas arep njagong bapak-bapak sing jenenge Daplun kiye weruh bangkune mandan kaya teles.
“Ngapunten ya mba, deneng bangkune mandan kaya teles kenangapa ya?” Daplun takon.
Ditakoni kaya kuwe Dakem sing sempet bingung asal bae gole semaur. “Oh… sory banget ya Pak, kiye miki minyak wangine inyong wutah koh…anu ora nana tutupe,” Dakem semaur.
Ora nana jagongan liya Daplun ngetokna saputanganne banjur nggo ngelapi bangkune. Cuman pas ngelapi deweke mandan curiga karo ambune. Kambi mesam-mesem Daplun ngomong kaya kiye.
“Wah…mba, nek minyak wangi sing kaya kiye sih inyong duwe tutupe!” (*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn