Kabar ana pejabat sing kondang duwe ajian welut putih mobile mbijik tiyang listrik gawe geger nang endi ora. Salah sijine Daplun. Ngerasa deweke ya duwe mobil kaya pejabat sing duwe jeneng Dawir, Daplun dadi takon maring salah sijine pengamat otomotif sing wis kondang.
“Pak pengamat nyong agepan takon?” Daplun ngomong.
“Takon apa?” Kemplu semaur.
“Kaya kiye pak pengamat kono mbok ngerti ya beritane pejabat sing mobille mbijik tiyang listrik?” Daplun takon.
“Ya ngertilah, inyong kan langganan Radar Banyumas, nang kono berita apa baen ya ana?” Kemplu semaur.
“Dadi kaya kiye, inyong kiye ya duwe mobil sing jenis karo mereke pada plek kaya sing denggo nang pak Dawir. Lah sing tek takokna kiye kualitas karo keamanan mobille. Kuwe mobil kur rusak grill karo bempere tapi kenangapa penumpange nang njero mobil bisa ngasikan luka benjol-benjol segede bakpao, malahan ngasikan metu getihhe mbarang. Apamaning kuwe airbag ge ora fungsi. Apa ora melas nek pak Dawir ngasikan ingatanne ilang alias amnesia bin linglung. Inyong takon kaya kiye merga inyong angger numpak mobil sering ngebut banter pisan, lewih banter tinimbang sing tek deleng nang tivi nabrak tiang listrik tapi esih ngadeg. Mobile rusak biasa tapi malah penumpange sing luka parah, endase benjol segede bakpao. Inyong njaluk penjelasanne pak pengamat?” Daplun ngomong dawa banget.
“Nek tek deleng sekang kondisi mobille karo kondisine Pak Dawir sing luka parah, perkiraanne inyong Pak Dawir gole njagong nang nduwur kap mesin,” Kemplu aweh penjelasan.(*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn