Pesta Sweet Seventeen
Wengi kuwe Dakem karo bojone sing jenenge Kemplu agi jagongan nang teras ngumah. Pas agi dopokan teka anake melu ndopok.
“Mak, mengko pas sweet seventeen inyong olih gawe pesta nang ngumah ya?” anake takon.
Ditakoni kaya kuwe Dakem mikir, kapan maning anakke inyong bisa nganakna pesta sweet seventeen. “Ya olih, mengko mamake sing nyiapna,” Dakem semaur.
Bar disemauri olih anake takon maning.
“Pak pas pesta inyong olih ngundang kanca-kanca ya?”
Ditakoni kaya kuwe giliran Kemplu mikir, pesta sepisan-pisane nek langka kanca-kancane ya ora marem. “olih, mengko bapake sing pesen undangane,” Pak Kemplu semaur.
Anakke takon maning, “Mak inyong olih nganggo klambi anyar ora?”
Dakem dadi mikir, masa pesta nganggo klambi sing lawas. “Olih…olih, mengko mamake sing nukokna.” Dakem semaur.
“Sepisan maning ya Mak, mengko pas pesta inyong olih ora nganggo rok karo lipstik?” anakke takon.
“Apa, ora olih!” Dakem karo Kemplu semaure bareng kaya kaget.
“Lah olih ya Mak, Pak..? pesta sweet seventeen mbok sepisan tok seumur-umur, masa nganggo rok karo lipstik be ora olih…,” anakke gole njaluk mbandreng.
“Ora olih ya ora olih…!!!!, kowe olih nganakana pesta ngundang kanca-kanca, kowe olih nganggo klambi anyar, tapi ko aja ngasikan nganggo rok karo lipstik!” Dakem kesuh-kesuh.
“Olih lah ya Mak, please…,” anakke njaluk karo mulai kosean.
“DAPLUN..!!! Kowe kiye lanang … kowe kiye lanang….lanang PAHAM..!!!” (*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn