Kedadian kiye anu pas arus mudik lebaran wingi. Jenenge mudik terminale kebek kabeh bise uga penuh ora nana sing kosong, pokoke umpel-umpelan.
Dakem ibu-ibu enom kiye melu baen umpel-umpelan nang terminal sidane olih jagongan nang bis. Bisse wis kebek banget nggo mlaku ben angel.
Pas agi nunggu bis mangkat, Dakem kerasa kebelat pipis banget.
Wedi ketinggalan bism turmaning angel gole malku mergane kebek, Dakem akhire milih ngampet pipise. Tapi saking kebelette akhire kepoyuh nang kursi bis.
Mas-mas sing njagong nang sebelahe ngerasa ana sing teles banjur takon.
“Maaf mba,. deneng bangkune dadi teles ya?” mas-mas soing jenenge Daplun takon.
“Oh . . maaf, kiye . . anu . . , minyak wangine inyong miki wutah, ora nana tutupe sih,” Dakem semaur nglombo.
Daplun banjur ngetokna sapu tanganne nggo ngelapi. Tapi mbarang kaya kuwe deweke curiga karo mambune, banjr diambung sapu tanganne. Akhire kaambi mesem Daplun semaur. “Wah Mba, nek minyak wangi sing kaya kiye sih inyong duwe tutuppe,” (*)
Facebook
Twitter
Instagram
Google+
YouTube
LinkedIn